SEMARANG|BL – Jasamarga Jogja Bawen (PT JJB) samangke nglajengaken pembangunan Jalan Tol Yogyakarta-Bawen, ingkang utami ing Seksi 6, Ruas Ambarawa-Bawen kanthi dawa 4,98 kilometer. Proyek punika dipun target rampung ing triwulan IV taun 2025, kanthi progres konstruksi ing sapunika ngantos 34,09 persen lan pembebasan lahan sampun 78,06 persen.
Direktur Utama PT JJB, A.J Dwi Winarsa, ngendika bilih proyek punika gadhah dampak dhateng papat desa, inggih punika Desa Kandangan, Desa Doplang, Kelurahan Bawen, lan Desa Kupang. Mayoritas pemilik tanah sampun nampi Uang Ganti Kerugian (UGK). Proses perizinan ugi sedaya dipun lampahi kaliyan instansi ingkang magepokan ing Kabupaten Semarang.
Pekerjaan ing lapangan sapunika kalebet pengerjaan borpile jembatan lan box underpass ing Simpang Susun Ambarawa. Total dawa Tol Yogyakarta-Bawen ngantos 75,12 kilometer, nglintasi kalih provinsi: Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, lan dipun pérang dados enem seksi.
Nalika sampun beroperasi, proyek punika dipun prakirakaken saged ngurangi wekdal tempuh perjalanan antawis Semarang lan Yogyakarta saking tigang jam dados siji setengah jam, ndhukung peningkatan infrastruktur lan mobilitas ing kalih daerah punika.
Penulis : ISKANDAR