KENDAL|BL – Salah siji lurah (Kades) saka Kabupaten Kendal kepergok teko rapat konsolidasi kanggo nyengkuyung pasangan calon ing Pilkada Kendal 2024. Kabar iki langsung ditampa Badan Pengawas Pemilihan Umum (Bawaslu) Kendal sing langsung wae tanggap lan nindak lanjut.
Ketua Bawaslu Kendal, Ibu Hevy Indah Oktaria, njlentrehake yen meski durung ana laporan resmi, kabar iki wis sempet mampir liwat pesen WhatsApp. “Kita tindak lanjuti supaya Pilkada bisa mlaku kanthi aman lan tertib,” ujare.
Miturut Pasal 70 ayat (1) huruf c Undang-Undang Nomor 10 Tahun 2016 babagan Pemilihan Gubernur, Bupati, lan Wali Kota, kepala desa lan perangkat desa ora oleh melu kegiyatan kampanye. Yen ana pelanggaran, sangsi tegas wis ngenteni kades kasebut.
Saiki Bawaslu Kendal lagi nyiapake langkah-langkah kanggo njupuk informasi luwih lengkap lan negesake keterlibatan Kades iki ing acara kampanye.(Red/iskandar)