NGAWI | BL – Warga Ngawi digegerno karo tumindak ora senonoh sing dilakokno karo pemuda berinisial TF bin TM (18) ning Jalan Raya Dadapan-Soco. Pemuda asal Desa Ngrayudan, Kecamatan Jogorogo iki nekat nglakoni pelecehan nang tengah umum, nggawe warga kaget lan jengkel.
Kejadian memalukan iki kedadean Selasa (30/7/2024) sakitar jam 07.10 WIB. Wektu iku korban lagi numpak motor, tiba-tiba dipet-peti karo pelaku saka mburi. TF nganggo tangan kiriné nggawe tumindak ora pantes kaping pindho marang korban, nggawe korban kaget lan meh njlungup. Bar gawe onar, pelaku langsung kabur.
Kapolres Ngawi, AKBP Dwi Sumrahadi Rakhmanto, S.H., S.I.K., M.H., nerangno neng konferensi pers, Kamis (10/10/2024), yen pihaké cepet tumindak sakwise entuk laporan saka korban. “Sakwise nampa laporan, kita langsung nindakake penyelidikan lan pelaku isa diamanke,” ujare Kapolres Ngawi.
TF ngakoni nek tindakane dipicu karo pengaruh video porno sing ditontoné, lan kuwi dadi motivasi kanggo nglakoni pelecehan. Polisi nyita barang bukti, kalebu motor Honda Beat, helm full face, hoodie krem, lan celana jeans ireng sing dipakai pelaku sak kejadian.
“Tindak iki ora iso ditolerir. Tersangka bakal dijerat pasal 289 lan/utowo 281 KUHP, karo ancaman pidana maksimal 2 tahun 4 sasi,” ujare Kapolres kanthi tegas.
Kasus iki dadi pangeling penting kanggo warga supaya luwih waspada lan ora wedi lapor nek ketemu tindak kriminal sing meresahkan masyarakat.
(Red/iskandar)